Sabtu, 16 Maret 2019

Contoh pidato Perpisahan Sekolah bahasa krama

PIDATO PERPISAHAN SEKOLAH BASA KRAMA

Assalamualaikum wr wb
Sugeng siang

    Nuwun Bapak/Ibu Kepala Sekolah ingkang kinurmatan, tamu undangan, Bapak/Ibu Guru ingkang kula hormati, adhik-adhik kelas tuwin rencang-rencang ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah, awit ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat saengga saged makempal ing lapangan SMP...

    Kula minangka wakil saking kelas IX, ngaturaken agunging panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kewajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.

    Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak Ibu Guru pikantuk pinwales saking Gusti Allah ingkang Maha Agung, saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan, lan ketentreman saengga saged nggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya. Boten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel Bapak Ibu Guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan sedaya.

     Dhumateng Bapak/Ibu lan adhik-adhik sedaya, wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten.
Wassalamu'alaikum wr wb
Sugeng siang

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tips cornering yang benar

Cornering dalam bahasa indonesia artinya adalah menikun. Saat melakukan riding pun pastinya mendengar istilah cornering yang menikung adalah...